9 Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus, yang Pendek Mudah dihafal

Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus

Berikut ini ucapan idul fitri bahasa jawa halus yang bisa digunakan untuk sungkeman pada orang tua yang  dilakukan saat hari raya idul fitri.

Berikut Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus

Kalimat Panjang, Ucapan Idul Fitri bahasa Jawa halus

  1. Kulo sowan dateng ngarsanipun mbah/bapak/ibu, Sepindah kulo tuwin lan silaturahmi kagem paseduluran sesami tiyang muslim. Kaping kalih kulo nyuwun pandonganipun mbah/bapak/ibu/.

    Lan ingkang kaping tigo, kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentu lampah kulo, tumindak kulo lan anggen kulo matur ingkang kulo sengojo nopo mboten.

    Semanten ugi kulo nyuwun, mugi mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahipun kulo tentrem. Lan ingkang ugi kito suwun suwun, mugi ibadah kulo lan panjengengan saged ketampi ing ngarsa gusti Allah SWT lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dumateng sedaya kelepatan kito sedoyo.
  2. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Ingkang Kaping sepindah, Ngaturaken  pangabekti kawulo lan keluargo kunjuk dumateng Bapak lan Ibu.

    Ongko kalih, sedoyo klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo sengojo punopo mboten, ingkang ndadosaken sarjuning panggalih.

    Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadin puniko ugi nyuwun berkah soho pangestu.
Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus
Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus

Kalimat sedang, Ucapan Idul Fitri bahasa Jawa halus

  1. Anggen kawulo sowan ing riyaden meniko mboten sanes anamung nyuwon pangapunten sedoyo kalepatan kanthi lahir lan bathin dumateng Bapak lan Ibu. Mboten kesupen Mugi- mugi Bapak lan Ibu tansah pinaringan karaharjan, kasarasan, lumintu ing rizki lan tinebehno saking rubedo nir ing sambikolo.
  2. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sak lebetipun manah dumateng sedaya kalepatan tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.
  3. Ngaturaken sedoyo kalepatan, ing riyoyo puniko kulo nyuwun  pangapunten  sedoyo kelepatan, mbok bileh wonten ucapan, tindak tandhuk, anggah-ungguh lan solah-bowo ingkang mboten ngresepaken dateng penggaleh, kulo nyuwon agunge pangapuro panjengan sami.
  4. Bapak lan Ibu, kulo ngaturaken sedoyo kalepatan ingkang sengojo lan kelepatan ingkang mboren sengojo, ing riyaden meniko kawulo lan sak keluargo nyuwun egungeng pangatsami.
  5. Ngaturaken sembah pangabekti kulo, Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sara’, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.
Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus
Ucapan Idul Fitri Bahasa Jawa Halus

Kalimat Pendek, Ucapan Idul Fitri bahasa Jawa halus

  1. Ing riyaden meniko Kulo nyuwon pangapunten sedoyo kalepatan dumateng panjenengan (Bapak/ Ibu).
  2. Kulo ngaturaken sugeng riyadin lan nyuwun pangapunten dhumateng sedoyo kelepatan lan klenta klentu kulo.

Demikian ucapan Idul Fitri bahasa Jawa halus, mudah- mudahan bisa menjadi referensi untuk digunakan ketika sowan sungkeman kepada Orang Tua disaat lebaran. Atau juga bisa untuk digunakan sebagai ucapan Lebaran melalui WA, Facebook, Instagram dan media lainnya.